Jumat, 17 Januari 2020

Sinau Kinanthi


KINANTHI
Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV, yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo  ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi,dituntun,digandheng, utawa diarahake.

ARTINE KINANTHI
Padha latihen ing ati
Ing pratandha supaya gathekan
Aja tansah memangan lan turu wae
Tumindaka kang utama kang dadi sedyamu
Usahakno dening awakmu
Sudanen anggonmu memangan lan turu
PITUTUR LUHUR
1.      Ngasah perasaan supaya nyingkirake hawa nepsu supaya dadi manungsa sing mulya kanthi ngambarake wong akeh supaya entuk kentrenteman lan jiwa.
2.      Tansah waspada supaya mawas diri lan ngilangke rasa ragu ing njero ati supaya mantep kanggo nglakoni kebencian.
3.      Ngilangke rasa cemburu, baperan, ora nganggu wong liya, lan ora nguja hawa nepsu, nanging mung sepi dadi ayem tentrem.
4.      Piwulang sing ngetutke hal kang becik ingkang wis diajarke gawe langkah kanggo ngolehke kamulyan.
PAUGERAN TEMBANG KINANTHI
Ø  Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
Ø  Guru lagune tembang Kinanthi yaiku : u,i,a,i,a,i
Ø  Guru wilangane tembang Kinanthi yaiku : 8,8,8,8,8,8Ø  Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane ditulis : 8u,8i,8a,8i,8a,8i.

Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Sinau Sesorah


SESORAH
APA IKU SESORAH
Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan ingkang ditujuoakake marang wong akeh/bebrayan. Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.
PERANGAN SESORAH
1)      Irah-irahan
2)      Salam pambuka
3)      Pakurmatan
4)      Purwaka basa utawa pambuka
5)      Wos utawa isine sesorah
6)      Andharan wose sesorah (yen prelu)
7)      Pangarep-arep (pangajab)
8)      Wasana basa utawa panutup
9)      Salam panutup
METODE MAOS SESORAH
a.      Sesorah kanthi cara apalan
Sesorah menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng dipunapalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
b.      Sesorah kanthi cara maos naskah utawi teks
Sesorah kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, mboten dipunapalaken.
c.       Sesorah kanthi cara dadakan/impromptu
Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang mboten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon.
d.      Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pengemut-emut urutaning ingkang badhe dipungendikaken.


SYARAT-SYARAT MAOS SESORAH
1.      Patrap utawi sikap
Solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, mboten dipundamel-damel.
2.      Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan sesorah, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan.
3.      Basa lan sastra
Basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas yaiku:
a.      Sinten ingkang gineman
b.      Sinten ingkang dipunajak gineman
c.       Sinten ingakang dipunginemaken
d.      Swasana nalikanipun gineman
e.      Sami mangertosi ingkang gineman
SIPAT SESORAH
a.      Miturut tujuan
·        Sesorah pambagyaharja
·        Sesorah mamitaken jenazah
·        Sesorah ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
·        Sesorah ngresmekaken
·        Sesorah pamedhar sabda
·        Sesorah palapuran
b.      Miturut isi lan basa
·        Sesorah ringkes lan prasaja
·        Sesorah rowa lan rinengga
·        Sesorah populer
·        Sesorah ilmiah
·        Sesorah mligi utawi umum

Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Sinau Iklan

IKLAN 



APA IKU IKLAN?
Iklan yaiku kegiatan nyukani informasi bab barang uga jasa ingkang migunakake media massa online utawi offline. Wonten jinis iklan ingkang sae uga kirang sae. Tegese iklan sae niku saged suka pitulungan, ngenthengake wrat repote bebrayan. Dene iklan ingkang kirang prayogi niku iklan ingkang kadosipun ngentheng ngenthengake sanggen ananging pancenanipun suwalike nglintu nekek gulu. Iklan niku mujudake warta utawi pesen kunjuk njurung utawi mbujuk dhateng bebrayan supados tumbas utawi ngginakaken barang ingkang dipuntawekaken. Lumantar medhiane iklan niku saged kagolong dados kalih yaiku, iklan lisan uga iklan serat. Iklan serat saged awujud pamflet,poster,baliho, saged ugi kacethak ing ariwanti utawi kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV uga radhio.
UNSUR UNSUR IKLAN
a.      Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake.
b.      Pihak utawa pawongan kang masang.
c.       Alamate sing masang.
d.      Kahanan sarat manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
TITIKANE BASA IKLAN
  •    Migunakake slogan.
  •    Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya.
  •     Migunakake subjek wong kapisan.


NULIS TEKS IKLAN
Iklan dipunbetahaken supados tiyang benten ngertos barang ingkang dipuntawakaken. Caranipun ndamel iklan ingkang sae kedah mirengaken babagan ing ngandhap niki yaiku:
a)  Sing dituju kudu cetha.
b)  Sing ngirim kudu cetha.
c)   Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha.
d)  Narik kawigaten sing maca.
e)   Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca.
f) Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawake.
g)   Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake.
h)   Nggunake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

CARANE NULIS IKLAN
  1.    Tentokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
  2.    Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa sing gawe iklan,alamat,kahanan utawa manfaat) 
  3.  Narembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, menthes, cetha, sopan uga narik kawigaten.


NYUGAHAKE TEKS IKLAN
Maos teks iklan tegese nyukakaen informasi dhateng tiyang benten. Supados isinipun saged dipuntampi kanthi wetah dening panyemeng,saenipun mirengaken babagan ing ngandhap yaiku:    
-  Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
 -      - Swara sarta pangucaping tembung kduu cetha lan trep.
 -      - Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.


Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA




-

Sinau Cerkak


CERKAK


APA IKU  CERKAK?
Cerkak yaitu gancaran sing ngandharake sarining kedadosan utawi lelakon saking awal ngantos pungkasa kanthi cekak wae. Crito iki nduweni wiji ingkang ringkes, padet, uga sakedhik alur cerito.
UNSUR  CERKAK
Unsur intrinsik:
a)      Tema, yaiku minangka ide pokok utawa masalah sing utama ingkang dhasaring lakuning cariyos.
b)      Setting/latar, yaiku minangka latar belakang sing mbantu cethanung laku crito. Setting iku ngemot wekdal,panggenan,swasana.
c)      Punjening crito/sudut pandang. Inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
d)      Alur/plot, yaiku rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing cariyos. Alur diperang dadi 2 yaiku, alur maju iku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur cariyos.
e)      Penokohan, yaiku nggambaraken karakter kanggo paraga/pelaku. Pargaa bisa dingerteni karaktere saking tumindake, ciri fisik,lingkungan, lan sapituture.
f)       Konflik, yaiku perkara kang dadi punjere cariyos.
g)      Amanat, yaiku inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.
NILAI KANG KAMOT SAJRONING CERKAK
  • ·         Nilai budaya, iku wonten sesambungan kaleh pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta
  • ·         Nilai sosial, iku wonten sesambungan kaleh tata laku pasrawungan ing antaranipun pawongan siji lan liyane.
  • ·         Nilai moral, iku wonten sesambungan kaleh tumindak becik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masarakat.
  • ·         Nilai religius, iku wonten sesambungan karo tuntunan agama lan kapercayaan.
  • ·         Nilai pendidikan/edukasi, iku wonten sesambungan karo owah owahan tingkah laku saka laa dadi becik.
  • ·         Nilai estetis/keindahana, iku wonten sesambungan karo bab bab ingkang narik kawigaten, kaendahan, seni, utawa nyenengke.
  • ·         Nilai etika, iku wonten sesambungan kaleh sopan santun lan subasita ing bebrayan.
  • ·         Nilai politis, iku wonten sesambungan kaleh pamarentah.
  • ·         Nilai kemanusiaan, iku wonten sesambungan kaleh sipat sipat manungsa.

SINOPSIS CERKAK
Sinopsis yaiku ringkesan crito saking alur ingkang dawa dadi cekak nanging saget njlentrehke crita sakabehe. Bab-bab ingkang kudu diperhatikke nalika badhe nulis sinopsis:
§  Tema : gagasan pokok, pokok crita
§  Latar : papan lan wekdal dumadine prastawa
§  Alur : lakuning crita
§  Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.


Sumber : Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X



Sinau Geguritan


GEGURITAN

"Bengi Iki"
Dening: Ossa Yulyana Putri
Semribit angin wengi ngaburke atiku
Ngrajut awakku
Lan agawe aku kelingan
Kelingan marang aluse pituturmy biyung
Katresnanmu
Awujud cahyaning lintang rembulan ing langit
Senadyan abot pegaweanmu
Nanging keselmu ora dadi sambat
Sepurane biyung
Nalika panjenengan tasih wonten
Kulo dereng saget menehi kabahagyan
Maturnuwun biyung
Sampun ngrumat kula kangge tresna lan kasih
Sing mboten saget kula gambarke
Sak niki, namung donga sing saget kula aturaken
Biyung.....
Mugi mugi panjenengan pun mulyo ten sisine gusti kang agung.

APA IKU GEGURITAN?
Geguritan minangka reroncening tembung kang awujud puisi Jawa. Geguritan iku saka tembung  “ GURIT “ seng nduweni makna tulisan. Geguritan yaiku tembang ( uran - uran ) mung awujud purwakanthi. Geguritan yaiku ciptaan sastra kang bentuk syair ingkang biasane di laguaken karo tembang pupuh ingkah merdu.


SYARAT SYARAT MAOS GEGURITAN
  • ·         Wirama = cendek duwure nada utawi keras sitinipun swanten
  • ·         Wirasa = perasaan utawi penghayatan nalika maos geguritan
  • ·         Wiraga = polah utawi gerakipun nalika maos geguritan
  • ·         Wicara = lancar mbotenaken maos geguritan


UNSUR UNSUR INGKANG ONO ING GEGURITAN
  • a.      Tema
  • b.      Bahasa ingkang endah
  • c.       Irah-irahan
  • d.      Diksi
  • e.      Citra
  • f.        Purwakanthi
  • g.      Amanat



Sumber :

v  Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 XI SMA/SMK/MA