APA IKU IKLAN?
Iklan yaiku kegiatan nyukani informasi bab barang uga
jasa ingkang migunakake media massa online utawi offline. Wonten jinis iklan
ingkang sae uga kirang sae. Tegese iklan sae niku saged suka pitulungan, ngenthengake
wrat repote bebrayan. Dene iklan ingkang kirang prayogi niku iklan ingkang
kadosipun ngentheng ngenthengake sanggen ananging pancenanipun suwalike nglintu
nekek gulu. Iklan niku mujudake warta utawi pesen kunjuk njurung utawi mbujuk
dhateng bebrayan supados tumbas utawi ngginakaken barang ingkang
dipuntawekaken. Lumantar medhiane iklan niku saged kagolong dados kalih yaiku,
iklan lisan uga iklan serat. Iklan serat saged awujud pamflet,poster,baliho,
saged ugi kacethak ing ariwanti utawi kalawarti. Dene iklan lisan padatan
kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV uga radhio.
UNSUR UNSUR
IKLAN
a. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake.
b. Pihak utawa pawongan kang masang.
c. Alamate sing masang.
d. Kahanan sarat manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
TITIKANE BASA IKLAN
- Migunakake slogan.
- Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya.
- Migunakake subjek wong kapisan.
NULIS TEKS IKLAN
Iklan
dipunbetahaken supados tiyang benten ngertos barang ingkang dipuntawakaken.
Caranipun ndamel iklan ingkang sae kedah mirengaken babagan ing ngandhap niki
yaiku:
a) Sing dituju kudu cetha.
b) Sing ngirim kudu cetha.
c) Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha.
d) Narik kawigaten sing maca.
e) Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca.
f) Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawake.
g) Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake.
h) Nggunake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
CARANE NULIS IKLAN
- Tentokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
- Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa sing gawe iklan,alamat,kahanan utawa manfaat)
- Narembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, menthes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
NYUGAHAKE TEKS IKLAN
Maos teks iklan tegese nyukakaen informasi dhateng tiyang benten. Supados isinipun saged dipuntampi kanthi wetah dening panyemeng,saenipun mirengaken babagan ing ngandhap yaiku:
Maos teks iklan tegese nyukakaen informasi dhateng tiyang benten. Supados isinipun saged dipuntampi kanthi wetah dening panyemeng,saenipun mirengaken babagan ing ngandhap yaiku:
- Paham isine
iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
- - Swara sarta
pangucaping tembung kduu cetha lan trep.
- - Menawa awujud
pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI
SMA/SMK/MA

Sangat membantu
BalasHapusBagus ππ»ππ»
BalasHapusππ
BalasHapusππ
BalasHapus