KINANTHI
Perangane Serat Wedhatama kang
pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV, yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan
iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo
kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi
oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-.
Dadi, kinanthi tegese
dikanthi,dituntun,digandheng, utawa diarahake.
ARTINE KINANTHI
Padha latihen ing ati
Ing pratandha supaya gathekan
Aja tansah memangan lan turu wae
Tumindaka kang utama kang dadi
sedyamu
Usahakno dening awakmu
Sudanen anggonmu memangan lan
turu
PITUTUR LUHUR
1.
Ngasah perasaan supaya nyingkirake hawa
nepsu supaya dadi manungsa sing mulya kanthi ngambarake wong akeh supaya entuk
kentrenteman lan jiwa.
2.
Tansah waspada supaya mawas diri lan
ngilangke rasa ragu ing njero ati supaya mantep kanggo nglakoni kebencian.
3.
Ngilangke rasa cemburu, baperan, ora
nganggu wong liya, lan ora nguja hawa nepsu, nanging mung sepi dadi ayem
tentrem.
4.
Piwulang sing ngetutke hal kang becik
ingkang wis diajarke gawe langkah kanggo ngolehke kamulyan.
PAUGERAN TEMBANG KINANTHI
Ø Guru
gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
Ø Guru
lagune tembang Kinanthi yaiku : u,i,a,i,a,i
Ø Guru
wilangane tembang Kinanthi yaiku : 8,8,8,8,8,8Ø Supaya
gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane
ditulis : 8u,8i,8a,8i,8a,8i.
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA


