GEGURITAN
"Bengi Iki"
Dening: Ossa Yulyana Putri
Semribit angin wengi ngaburke atiku
Ngrajut awakku
Lan agawe aku kelingan
Kelingan marang aluse pituturmy biyung
Katresnanmu
Awujud cahyaning lintang rembulan ing langit
Senadyan abot pegaweanmu
Nanging keselmu ora dadi sambat
Sepurane biyung
Nalika panjenengan tasih wonten
Kulo dereng saget menehi kabahagyan
Maturnuwun biyung
Sampun ngrumat kula kangge tresna lan kasih
Sing mboten saget kula gambarke
Sak niki, namung donga sing saget kula aturaken
Biyung.....
Mugi mugi panjenengan pun mulyo ten sisine gusti kang agung.
APA IKU GEGURITAN?
Geguritan minangka reroncening
tembung kang awujud puisi Jawa. Geguritan iku saka tembung “ GURIT “ seng nduweni makna tulisan.
Geguritan yaiku tembang ( uran - uran ) mung awujud purwakanthi. Geguritan
yaiku ciptaan sastra kang bentuk syair ingkang biasane di laguaken karo tembang
pupuh ingkah merdu.
SYARAT SYARAT MAOS GEGURITAN
- · Wirama = cendek duwure nada utawi keras sitinipun swanten
- ·
Wirasa = perasaan utawi penghayatan
nalika maos geguritan
- ·
Wiraga = polah utawi gerakipun nalika
maos geguritan
- ·
Wicara = lancar mbotenaken maos
geguritan
UNSUR UNSUR INGKANG ONO ING GEGURITAN
- a.
Tema
- b.
Bahasa ingkang endah
- c.
Irah-irahan
- d.
Diksi
- e.
Citra
- f.
Purwakanthi
- g.
Amanat
Sumber :
v Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 XI SMA/SMK/MA
Bagus✌
BalasHapusTerimakasih. Materinya sangat sangat membantu
BalasHapus👌👌
BalasHapusMantabb
BalasHapus