CERKAK
APA IKU CERKAK?
Cerkak yaitu gancaran sing
ngandharake sarining kedadosan utawi lelakon saking awal ngantos pungkasa
kanthi cekak wae. Crito iki nduweni wiji ingkang ringkes, padet, uga sakedhik
alur cerito.
UNSUR CERKAK
Unsur intrinsik:
a)
Tema, yaiku minangka ide pokok utawa
masalah sing utama ingkang dhasaring lakuning cariyos.
b)
Setting/latar, yaiku minangka latar
belakang sing mbantu cethanung laku crito. Setting iku ngemot
wekdal,panggenan,swasana.
c)
Punjening crito/sudut pandang. Inggih
menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
d)
Alur/plot, yaiku
rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing cariyos. Alur diperang dadi
2 yaiku, alur maju iku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar
kronologi tumuju ing alur cariyos.
e)
Penokohan, yaiku nggambaraken karakter
kanggo paraga/pelaku. Pargaa bisa dingerteni karaktere saking tumindake, ciri
fisik,lingkungan, lan sapituture.
f)
Konflik, yaiku perkara kang dadi punjere
cariyos.
g)
Amanat, yaiku inggih menika pitutur
utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.
NILAI KANG KAMOT SAJRONING CERKAK
- ·
Nilai budaya, iku wonten sesambungan
kaleh pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta
- ·
Nilai sosial, iku wonten sesambungan
kaleh tata laku pasrawungan ing antaranipun pawongan siji lan liyane.
- ·
Nilai moral, iku wonten sesambungan
kaleh tumindak becik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan
masarakat.
- ·
Nilai religius, iku wonten sesambungan
karo tuntunan agama lan kapercayaan.
- ·
Nilai pendidikan/edukasi, iku wonten
sesambungan karo owah owahan tingkah laku saka laa dadi becik.
- ·
Nilai estetis/keindahana, iku wonten
sesambungan karo bab bab ingkang narik kawigaten, kaendahan, seni, utawa
nyenengke.
- ·
Nilai etika, iku wonten sesambungan
kaleh sopan santun lan subasita ing bebrayan.
- ·
Nilai politis, iku wonten sesambungan
kaleh pamarentah.
- ·
Nilai kemanusiaan, iku wonten
sesambungan kaleh sipat sipat manungsa.
SINOPSIS CERKAK
Sinopsis yaiku ringkesan crito
saking alur ingkang dawa dadi cekak nanging saget njlentrehke crita sakabehe.
Bab-bab ingkang kudu diperhatikke nalika badhe nulis sinopsis:
§ Tema : gagasan pokok, pokok crita
§ Latar : papan lan wekdal dumadine prastawa
§ Alur : lakuning crita
§ Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur
bisa digawe sinopsis.
Sumber : Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X

Nice
BalasHapusBagusss. Sangat bermafaat
BalasHapus👌👌
BalasHapus